0
JEMBLUNG ING WULAN DESEMBER
Dening Hj. Rina Dewi, S. Pd, M. Pd

Guritan iki tak tulis nganggo luh
Kebak rasa trenyuh
Ari Jemuah sore, dusun Jemblung – Karangkobar
Kabupaten Banjarnegara geger

Bukit Tlaga Lele longsor ngosak  -asik … ngebleki padhesan
Sakedhep netra bukit njengeleg rata ing bantala
Nggulung pemukiman ngubur dhusun
Nilep onggok – onggok manungsa tanpa dosa

Rolas Desember rong ewu pat belas
Udan prahara nyapu sukma lan jiwa
Atusan jasad gumletak pegat antara ruh lan raga
Lamat – lamat keprungu tembang megatruh

Pating jalerit sambate warga kakubur lumpur
Etungan menit, saknalika sepi nyenyet, peteng ndhedhet lelimengan
Lemah kang gemah ripah kakendhang banjir bandhang
Pedhut pacoban ngluru kasangsaran

Jemblung … jebul mung tekan semene lakumu
Umurmu cethek kaya kali kebak padhas
Ringkih kaya kayu gapuk ! !
Lumaku nut ilining banyu

Kang uwal saka pati … Ngucap Allahu akbar ……
Saperangan lailahaillallah ……
Lan ana sing ngucap ……Astaghfirullah ……
Uga keprungu … iki piye …… iki piye ......

Pungkasane kabeh bubar buyar ……ambyar ……
Kabeh remuk rempu …… ajur mumur
Jemblung ……
Meger – meger saumur jagung.

Post a Comment

 
Top