0
Ungaran
 
Sinom
Loring gunung Sumowono
Tlatah endah amurwani
Cerita bukaning kandha
Pitutur mring wayah wibi
Nagri gemah loh jinawi
Misuwur wiwit rumuhun
Tumeka manca praja
Akeh kang samya sumiwi
Karana kasengsem ciptaning Hyang Sukma

Tan  endah  bumi kewala
Nanging grapyaking priyayi
Kang mangasrama ing kana
Wus lebda ing kawruh sami
Tata praja lan agami
Pradata agung tan kantun
Wus kajiwa kasarira
Mring janma nagri puniki
Satemah akarya santosaning praja
Mungguhing para kawUla
ANGArah makmur lan adil
AgegaRAN Pancasila
SEdya bangkit mesu budi
Ngupadi RAsaning ati
SIyang ratri hanyenyuwun 
Mring KOdrating  Hyang Wasa
LanTAran hanyambut kardi
KUwasa akaryanektyasing sesama
Lir mustikaning wanita
Sak jagad tan ana sami
Keh jaka nandhang asmara
Tumanduk marang Sang Putri
Kang ngujiwat  merak ati
Saya suwe katon ayu
Nggonmu ngadi busana
Prasaja nanging ngimbuhi
Sulistyamu usadane brantaningwang

Peparing ingsun tan bisa
Jroning tyas budidaya mrih
Kuncara njayeng bawana
Hyang Rawi lumaku aglis
Tan krasa yuswa nututi
Mugya lestari kuthaku
Tambah maju ngrembaka
Aku mung bisa sesanti
Sugeng tanggap warsa muga panjang nyuswa


*) Sugito, M.Pd.
Guru IPA SMP Negeri 1 Bandungan

Post a Comment

 
Top